Prau dlajah Jepang Kinu

Prau dlajah Jepang Kinu, taun 1931.

Prau Kinu (鬼怒?) iku prau dlajah ènthèng klas Nagara kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Aran prau iki saka jenengé Kali Kinu ing Préfèktur Tochigi, Jepang.

Kinu kapernahaké rikala 17 Januari 1921 ing Kobe déning Kawasaki Shipbuilding Corporation; banjur kababar rikala 29 Mèi 1922. Prau iki kinepyakaké rikala 10 Novèmber 1922[1] ing pamangkuné kolonèl Umakichi Yano[2]. Prau iki kèrem rikala 26 Oktober 1944 ing Sagara Sibuyan cedhak Masbate (11°45′N 123°11′E / 11.750°N 123.183°E / 11.750; 123.183).

  1. #Lacroix, Japanese Cruisers, kaca 794.
  2. #艦長たちの軍艦史 kaca 157-159

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne